Home » » Fabel Versi Bahasa Jawa

Fabel Versi Bahasa Jawa

MANEKA WARNA DONGENG KEWAN


Macan Lan Manuk Gagak

Ing sawijining dina, ana macan mlaku turut pinggir kali.
Dheweke luwe banget ,kepingin mangan enak.
Karo ngendhus-endhus golek pangan, banjur weruh ana manuk gagak mencok ing pang.
Manuk gagak kuwi nggondhol daging. “Daging kae mesthi enak banget!
Gagak entuk saka endi daging kaya ngono enake.” mengkono ing jero batine macan.

Macan banjur nyedhaki uwit sing dienggo mencok manuk gagak iki mau karo nggrenyem,
”Yen daging kae ora dadi mangsaku, dudu macan aranku.”
Karo ngatur strategi, macan mlaku alon-alon nyedhaki uwit.
“Bagus banget manuk iki, wulune apik, irenge kinclong, gumunku ngudubillah.
Aku kok urung tau tumon manuk kaya ngono iku becike.
Sajake ora ana manuk ngungkuli apike, endah unine mesthi yo uapik.”
Krungu tembung kaya mangkono manuk gagak mongkog atine,
banjur pamer swarane kang dialem macan mau.
Bareng muni, daging sing digondhol mau tiba.
Banjur diplayoni macan, manuk gagak gela banget.

Merga iku, aja seneng dilem dening liyan. Mbok menawa sing ngelem nduweni kepenginan sing ora becik. Sipat gampang mongkog utawa gumedhe iku ya ora becik, mangka dadia bocah sing andhap asor.

Singa lan Tikus

Ing sawijining dina, ana Singa lagi turu ana ing alas.
La kok ana tikus wani pating pencolot ana ing sakiwa tengene singa.
Singa tangi krasa keganggu, banjur tikus iki mau dicekel ameh dipateni.
Nanging banjur kelingan, yen Singa sing dadi ratune alas mateni kewan sing luwih cilik kaya tikus,
mesthi bakal entuk piwales, lan mateni kewan sing luwih cilik iku klebu ora becik.
Mangka tikus banjur dieculake.

Elet pirang-pirang dina, Singa golek mangsan nanging kena jaring kewan.
Singa ora bisa metu sanajan kekuwatane ora ana sing nandhingi ing alas.
Suarane nggero-nggero ngebaki alas, marakake ora ana sing wani nyedhak.
Nanging Tikus krungu swarane Singa malah banjur mlayu arep nulungi Singa.
Tikus ngrikiti jaring sing ngurung Singa nganti rantas.
Ora let suwe Singa bisa metu.

Sipat sing becik sing bisa ditiru saka crita ing ndhuwur iki yaiku senenga tetulung marang liyan. Mesthi ana sing nulung genti menawa awake dhewe lagi kesusahan, merga ganjaran iku menawa ora teka dhisik yo mesthi ing mburi. Ora ana rugine tetulung marang liyan, wis mesthi awake dhewe sawektu-wektu ya butuh pitulung saka liyan. Mula, senenga tetulung marang liyan.

 Kancil lan Bulus

Ana Bulus ngomong karo Kancil kaya mangkene,
”Aku ora gumun yen kowe luwih cepet mlayu tinimbang aku, Cil.
Nanging ayo padha nyoba balapan, sapa sing luwih dhisik tekan pinggir rawa iki.”
Kancil sing rumangsa luwih pinter lan cepet mlayune nuruti omonge Bulus.
Mangka Bulus enggal miwiti mlayu, nanging Kancil malah enak-enak lungguh.
Ing batine Kancil kaya mangkene,
”Si Bulus sing mlakune nggremet ben kempis-kempis kekeselen dhisik,
aku mesthi tanpa rekasa isoh nusul,
aku mencolot ping telu utawa ping pat wae wis mesthi isoh nglancangi kewan sing nggremet kuwi.”

Ing nalika samono Bulus wis ameh tekan pinggir,
Kancil isih sareh wae rumangsa urung isoh ditandingi.
Bareng Bulus wis kari pirang playonan,
Kancil lagi keweden melu mlayu sakcepete.
Nanging merga kebacut, Kancil arepa kaya angin anggone mlayu,
tetep kalah saka Bulus sing mlakune nggremet iku mau.

Sapa bae sing gumedhe ora bakal disenengi kanca, kaya Kancil iku mau. Kancil ora disenengi kancane merga nduweni sipat gumedhe, ngrasa pinter dhewe, cepet dhewe playune. Nanging merga sipat gumedhene iku mau, Kancil ora sida menang. Mangka, dadia bocah sing pinter nanging andhap asor. Wis mesthi kanca-kanca padha seneng marang awake dhewe, banjur awake dhewe bisa duwe kanca akeh.

Menjangan sing Ngilo ing Banyu

Ana Menjangan ngilo ing banyu sing bening banyune, nematake awake saka sungu nganti sikil.
Omonge kaya mangkene,”Aku iki kewan sing becik rupane. Ora ana sing isoh nandhingi rupaku.
Sunguku kuwat lan gagah, kayata alas tak sunggi dewe.
Nanging deloka sikilku papat iki, cilik tur ringkih tanpa kekuwatan.
Ngisin-isini temen, kenangapa Gusti maringi sikil kang gawe kuciwane ati kaya mangkene.”
Karo ngomong kaya mangkono, Menjangan krungu macan padha mlayu nyedhak.

Menjangan kaget banget, banjur mlayu nglumpati rawa mlebu alas.
Saking cepete anggone mlayu, kaya ora ngambah lemah.
Nanging ora antarane suwe, sungune kagubet oyod-oyodan dadi ora bias mlayu maneh.
Macan pada nubruk Menjangan kang sing kagubet oyod iki mau.
Menjangan gela banget karo nangis,
”Dhuh Gusti, saiki aku ngerti, sikilku sing tak cacat isoh nulungi aku saka bebaya,
nanging sungu sing tak alem-alem malah nyilakake aku.”

Senenga ngucap sokur marang Gusti Alloh, amarga awake dhewe wis diparingi awak lengkap lan apik kaya mangkene. Gusti Alloh nyiptakake apa bae iku wis paling apik kanggo awake dhewe, ukurane ya wis pas miturut kabutuhane. Dadi, wis mesthi luput menawa ana sing njaluk luwih saka sing paling becik.

Macan lan Wayangane

Ing sawijining dina, ana Macan mlayu nggondhol daging.
Playune tekan kali sing banyune bening banget.
Macan banjur leren sawetara karo mlaku ngliwati kali ndeleng nyang ngisor.
Weruh wayangane dewe ana ing banyu,
Macan kaya weruh Macan liya ngrebut daginge.
Banjur nubruk wayangane dhewe nyegur ing kali.
Saking kagete bar nubruk banyu, Macan ora entuk apa-apa.
Malah dheweke kelangan daging kang digondhol mau merga keli ing kali.

Macan iku mau sejatine mung waspada, nanging luwih becik menawa seneng bebagen. Daging kang keli iku mau malah bisa dipangan bareng-bareng karo kancane. Macan bisa duwe kanca akeh menawa seneng bebagen, padha karo awake dhewe. Yen awake dhewe seneng bebagen, apa wae, mesthi awake dhewe akeh kancane. Mula, senenga bebagen ben kanca seneng karo awake dhewe.

 

Kodhok lan Sapi Lanang

Ana Kodhok kepengin ngembari gedhene sapi lanang sing lagi mangan ing kebon.
Kodhok kepengin pamer karo sedulure wadon, arep madhani gedheni sapi mau.
Bareng wis mlembung, Kodhok iku takon karo sedulure,
“Piye dhi, apa gedheku wis padha karo sapi lanang iku?”
Adhine nyemauri kaya mangkene,” Ora ana miripe babar pisan!”
Krungu kaya mangkono Kodhok banjur mlembungake awake maneh.
Banjur takon maneh karo sedulure,”Piye dhi, apa gedheku wis padha karo sapi lanang iku?”
Adhine nyemauri kaya mangkene maneh,”Ora ana miripe babar pisan!”
Ringkese, Kodhok banjur mlembung bola-bali.
Ing pungkasan, wetenge Kodhok bedhah merga mlembung sing ora kira-kira.

Sapa bae sing kepengin keapikane dideleng liyan, wis mesthi ora bakal rampung kelakuane yen durung ketemu patine. Kodok iku kepengin gagahe dideleng liyan, dadi dheweke mlembungake awake nganti bedhah wetenge. Yen wis kaya mangkono sing rugi awake kodhok dhewe. Dadi, sipat kaya mangkono iku ala banget. Dadia bocah sing andhap asor lan seneng ngucap sokur marang Gusti Alloh.

 

Macan, Singa, lan Manuk Gagak


Ing sawijining dina, Macan lan Singa nubruk daging. Banjur padha rebutan lan kerah.
Sapa sing menang bakal entuk daging iku, mengkono karepe Macan lan Singa.
Sasuwene kerah, Macan lan Singa ngetokake getih sing akeh banget.
Merga kuwi, Singa lan Macan banjur leren sawetara.
Saking kesele, Macan lan Singa padha nglemprak turu.
Nalika padha turu, ana Manuk Gagak teka. Ndeleng ana daging lan Macan sarta Singa.
Manuk Gagak enggal-enggal marani daging, banjur digondhol lan digawa lunga.
Bareng Singa tangi, weruh daginge ilang banjur gela.
Omonge kaya mangkene,”Dhuh Gusti, saking ora geleme bebagen marang liya malah sida ora kebagean kabeh.
Mbok mau dibagi loro, adil, mesthi ora ndadekake kerah.”


Kaya sing diomongake Singa iku mau, menawa dheweke gelem mbagi daging sing dadi rerebutan mesthi bisa kebagean kabeh. Wis kelangan daging, awake Singa ya tatu kabeh merga kerah karo Macan. Rugine pindho amarga ora gelem bebagen. Mula, dadia bocamh sing seneng bebagen ben kabeh seneng. Kancane awake dhewe seneng, awake dhewe ya seneng merga akeh kanca.

1 comments:

  1. The Best Games in the World - Dr. Madden Co.
    The best games 용인 출장샵 in the world 진주 출장마사지 · 1. 제주도 출장안마 EA Sports. 속초 출장마사지 The 남원 출장안마 world's largest sportsbook. · 2. NHL. The NHL, which began as an online sportsbook.

    ReplyDelete

Popular Posts

 
Support : Your Link | Your Link | Your Link
Copyright © 2013. KANSAI NET - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Firman
Proudly powered by Blogger